Jangan lupa jawab salam saya dulu!...
Untuk pos pertama punyaragamcerita.blogspot.com akan mengepos cerkak (crita cekak) atau sering disebut cerpen bhs jawa. Dan jika ada kekurangan yg terdapat pada cerkak tersebut mohon dimaafkan,
Pantang Menyerah
Dening : Mandana Devananti
Tahun wingi aku wis nggawe
wong tuwaku kuciwa amarga aku oleh biji sek kurang apik lan mlebu – metu saka
BK.
“ Nduk kowe ki saiki kepiye kok malah kaya
ngene, kowe ki nek sekolah mirengake ora?” pitakone Bapak sedhih.
Aku banjur ndingkluk
nahan tangis amarga ora wani njawab.
Semenjak kuwi aku dadi
sregep sinau lan sregep mangkat esuk supaya ora dipanggil wonten ing BK maneh.
Esuk, sore, lan mbengi aku mesti sinau. Bapak lan ibu uga ngerti yen aku arep
ngrubah sifatku sing celelekan dadi tertib lan manut marang wong tuwa lan
bapak/ ibu guru uga marang tata tertib sekolah.
“Nduk,
lek mangkat! Wes jam setengah 7 lewat iki! Mengko ndak telat!” niku wau swarane
ibuku ingkang ndawuhi aku menyang sekolah.
“Nggih
Bu, kula pamit. Asalammualaikum…” aturku seru amarga lagi metu saka kamar.
“Ati-ati
ya nduk! wa’alaikummussalam…” jawabe ibuku sero saka ruang makan.
Kaya biasane, tekan
gerbang sekolahan aku langsung salaman karo Bapak / Ibu guru. Nalika tekan
njero kelas, aku langsung lungguh ana ing kursi paling ngarep supaya bisa
krungokake kanthi cetha. Pas nang wektu aku arep ngetoke buku, bel tandha mlebu
sekolah wis muni. Swarane seru dawa banget “ thet..… thet.… thettt......”. Bareng
krungu swara bel, murid – murid banjur padha mlebu kelase dhewe – dhewe. Sawise
kuwi, Bu Tejo guru basa jawa mlebu ana ing kelas.
“Assalammualaikum
wr. wb…, Sugeng enjing murid – murid,” Salamne Bu Tejo karo mesem ing ngarep
kelas.
“Wa’alaikummussalam
wr. wb…, Sugeng enjing, Bu,” jawabe para murid kompak karo mesem.
“Sapa
sing ora mlebu dina iki ??” pitakone Bu Tejo karo lungguh ana ing bangku guru.
“Nihil…,
Bu.” jawabe para murid kompak.
“Eh..,
Sri ndengaren ora telat?,” pitakone Bu Tejo kaget karo mesem ngematke aku.
Aku
sing ra iso njawab banjur mesem karo ngematke Bu Tejo.
“Sri
sampun tobat, Bu !” Tinuk bocah kakean polah sampingku banjur nyaut.
“ha...
ha… ha…” Kanca – kancaku malah padha ngguyu.
Aku
sing diguyokke langsung mrengut, ngematke sampingku Tinuk. “Nyebai tenan kok
bocah iki,” bathinku mangkel ana ing ati.
“Wis
–wis, kan malah luwih becik yen tepat waktu. Saiki Bu Guru arep nganakake
ulangan, sak jam nggo sinau, sak jam nggo ulangan !” ngendikane Bu Tejo.
“Halhah…”
jawabe para murid sing langsung mangkel yen krungu ana ulangan.
Aku
sing krungu yen ana ulangan banjur takon karo Bu Tejo, “Ulanganipun bab pinten,
Bu ?” pitakonku sopan marang Bu Tejo.
“Buka
buku ‘Mutiara Basa Jawa’ waca 3 tekan 5,semaken cerkak kang judule ‘Peteng’,”
jawabe Bu Tejo. Aku sing reti materi ulangan, banjur pindah kursi ana ing mburi
pojok kelas, amarga ben iso serius sinau.
“Thet… thet….” swara bel sekolah tandha sak
jam wis muni. Aku banjur pindah kursi ana ing ngarep maneh. “Wektune 25 menit,”
ature Bu Tejo karo mbagi soal ulangan sing ketok okeh. Aku sing reti yen soal
le ketok angel – angel, dawa – dawa iku, banjur ndonga “Muga – muga soal e iso
tak garap”dongaku ana ing ati. 25 menit wis kliwat, aku lan murid – murid liyane
banjur ngumpul lembar jawaban lan soal.
“Biji
hasil ulangan ditempel ing mading nagrep Lab. IPA jam setengah sewelas, sawise
istirahat kapindo.” Ujare Bu Tejo.
“Nggih,
Bu.” jawab murid – murid kompak.
“Thet.. Thet.. Thett….”
sawise nunggu suwe, akhire bel tandha bali muni seru dawa banget. Bareng krungu
swara bel aku lan murid – murid sakelasku banjur metu mlayu ing ngarep Lab. IPA.
“Wah
selamat ya Sri bijimu sing paling apik dewe, selamat selamat,” ujare Rian karo
mesemmi aku.
“Cie
cie sing biji ulangan ne apik dewe,” Tinuk banjur nyaut.
“Wah
rausah padha ngece ya.., ndumeh bijine padha apik – apik,” ujarku sing mangkel
amarga ngrasa dilokke.
“Wellhah…
dikandani kok malah ngeyel” grememenge Tinuk rada mangkel.
Aku
sing krungu, banjur nggoleki jenengku sing ana ing kertas nilai kasebut.
“YES!”
ujarku seru banget, amarga ora bisa nahan seneng yen hasil ulanganku oleh 100.
“Mangkane
rasah ngeyel yen dikandani.” Ujare Tinuk.
“He..
he..” aku sing saking senenge mung biso nyengir.
Saiki aku ngerti yen
kepengen sukses iku kudu ana perjuangan lan kudu pantang menyerah. Ora mung
donga, nanging kudu ana usaha. Usaha sing nggawe nyata. Kan ana pepatahe
‘Berakit – rakit ke hulu, Berenang – renang kemudian. Bersakit – sakit dahulu,
Bersenang - senang kemudian’
Terimaksih telah mampir. Jangan nyesel baca cerkak saya ya! :D
Wassalamu'alaikum wr.wb