Sabtu, 17 Oktober 2015

Cerkak Basa Jawa "Pantang Menyerah"

Assalamu'alaikum wr.wb

Jangan lupa jawab salam saya dulu!...
Untuk pos pertama punyaragamcerita.blogspot.com akan mengepos cerkak (crita cekak) atau sering disebut cerpen bhs jawa. Dan jika ada kekurangan yg terdapat pada cerkak tersebut mohon dimaafkan, maklum yg buat kagak profesional apalagi ini tgs cerkak pertama :D. Please enjoy it.



Pantang Menyerah
Dening : Mandana Devananti

Jenengku Srikandi Pratiwi. Wong tuwaku njenengi aku Srikandi supaya aku dadi wong wadon sing kuat lan perkasa. Undang – undanganku “Sri”, nanging uga ana sing ngundang aku “Kendi”. Umurku 15 tahun. Aku sekolah wonten ing SMP Tunas Bangsa. Saiki aku wis kelas 3, tahun ajaran anyar uga wis diwiwiti.
Tahun wingi aku wis nggawe wong tuwaku kuciwa amarga aku oleh biji sek kurang apik lan mlebu – metu saka BK.
“ Nduk kowe ki saiki kepiye kok malah kaya ngene, kowe ki nek sekolah mirengake ora?” pitakone Bapak sedhih.
Aku banjur ndingkluk nahan tangis amarga ora wani njawab.
Semenjak kuwi aku dadi sregep sinau lan sregep mangkat esuk supaya ora dipanggil wonten ing BK maneh. Esuk, sore, lan mbengi aku mesti sinau. Bapak lan ibu uga ngerti yen aku arep ngrubah sifatku sing celelekan dadi tertib lan manut marang wong tuwa lan bapak/ ibu guru uga marang tata tertib sekolah.
“Nduk, lek mangkat! Wes jam setengah 7 lewat iki! Mengko ndak telat!” niku wau swarane ibuku ingkang ndawuhi aku menyang sekolah.
“Nggih Bu, kula pamit. Asalammualaikum…” aturku seru amarga lagi metu saka kamar.
“Ati-ati ya nduk! wa’alaikummussalam…” jawabe ibuku sero saka ruang makan.
Kaya biasane, tekan gerbang sekolahan aku langsung salaman karo Bapak / Ibu guru. Nalika tekan njero kelas, aku langsung lungguh ana ing kursi paling ngarep supaya bisa krungokake kanthi cetha. Pas nang wektu aku arep ngetoke buku, bel tandha mlebu sekolah wis muni. Swarane seru dawa banget “ thet..… thet.… thettt......”. Bareng krungu swara bel, murid – murid banjur padha mlebu kelase dhewe – dhewe. Sawise kuwi, Bu Tejo guru basa jawa mlebu ana ing kelas.
“Assalammualaikum wr. wb…, Sugeng enjing murid – murid,” Salamne Bu Tejo karo mesem ing ngarep kelas.
“Wa’alaikummussalam wr. wb…, Sugeng enjing, Bu,” jawabe para murid kompak karo mesem.
“Sapa sing ora mlebu dina iki ??” pitakone Bu Tejo karo lungguh ana ing bangku guru.
“Nihil…, Bu.” jawabe para murid kompak.
“Eh.., Sri ndengaren ora telat?,” pitakone Bu Tejo kaget karo mesem ngematke aku.
Aku sing ra iso njawab banjur mesem karo ngematke Bu Tejo.
“Sri sampun tobat, Bu !” Tinuk bocah kakean polah sampingku banjur nyaut.
“ha... ha… ha…” Kanca – kancaku malah padha ngguyu.
Aku sing diguyokke langsung mrengut, ngematke sampingku Tinuk. “Nyebai tenan kok bocah iki,” bathinku mangkel ana ing ati.
“Wis –wis, kan malah luwih becik yen tepat waktu. Saiki Bu Guru arep nganakake ulangan, sak jam nggo sinau, sak jam nggo ulangan !” ngendikane Bu Tejo.
“Halhah…” jawabe para murid sing langsung mangkel yen krungu ana ulangan.
Aku sing krungu yen ana ulangan banjur takon karo Bu Tejo, “Ulanganipun bab pinten, Bu ?” pitakonku sopan marang Bu Tejo.
“Buka buku ‘Mutiara Basa Jawa’ waca 3 tekan 5,semaken cerkak kang judule ‘Peteng’,” jawabe Bu Tejo. Aku sing reti materi ulangan, banjur pindah kursi ana ing mburi pojok kelas, amarga ben iso serius sinau.
 “Thet… thet….” swara bel sekolah tandha sak jam wis muni. Aku banjur pindah kursi ana ing ngarep maneh. “Wektune 25 menit,” ature Bu Tejo karo mbagi soal ulangan sing ketok okeh. Aku sing reti yen soal le ketok angel – angel, dawa – dawa iku, banjur ndonga “Muga – muga soal e iso tak garap”dongaku ana ing ati. 25 menit wis kliwat, aku lan murid – murid liyane banjur ngumpul lembar jawaban lan soal.
“Biji hasil ulangan ditempel ing mading nagrep Lab. IPA jam setengah sewelas, sawise istirahat kapindo.” Ujare Bu Tejo.
“Nggih, Bu.” jawab murid – murid kompak.
“Thet.. Thet.. Thett….” sawise nunggu suwe, akhire bel tandha bali muni seru dawa banget. Bareng krungu swara bel aku lan murid – murid sakelasku banjur metu mlayu ing ngarep Lab. IPA.
“Wah selamat ya Sri bijimu sing paling apik dewe, selamat selamat,” ujare Rian karo mesemmi aku.
“Cie cie sing biji ulangan ne apik dewe,” Tinuk banjur nyaut.
“Wah rausah padha ngece ya.., ndumeh bijine padha apik – apik,” ujarku sing mangkel amarga ngrasa dilokke.
“Wellhah… dikandani kok malah ngeyel” grememenge Tinuk rada mangkel.
Aku sing krungu, banjur nggoleki jenengku sing ana ing kertas nilai kasebut.
“YES!” ujarku seru banget, amarga ora bisa nahan seneng yen hasil ulanganku oleh 100.
“Mangkane rasah ngeyel yen dikandani.” Ujare Tinuk.
“He.. he..” aku sing saking senenge mung biso nyengir.
Saiki aku ngerti yen kepengen sukses iku kudu ana perjuangan lan kudu pantang menyerah. Ora mung donga, nanging kudu ana usaha. Usaha sing nggawe nyata. Kan ana pepatahe ‘Berakit – rakit ke hulu, Berenang – renang kemudian. Bersakit – sakit dahulu, Bersenang - senang kemudian’

Terimaksih telah mampir. Jangan nyesel baca cerkak saya ya! :D
Wassalamu'alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar